Lirik Syiir Tanpo Wathon atau Sholawat Gus Dur Astaghfirullah rabbal baroya Astaghfirullah minal khotoya Robbi zidni ‘ilman naafi’a Wawafiqni amalan sholiha Ya Rosulullah, salamun alaik Ya rafi’a syaani wadaroji Athfatayyaji rotal ‘alami Ya uhailalju diwal karomi Ngawiti ingsun nglaras syi’iran Kelawan muji maring Pangeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo pitungan Duh bolo konco priyo wanito Ojo mung ngaji syareat bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sengsoro Akeh kang apal Qur’an lan Haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke Yen isih kotor ati akale Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto Ayo sedulur jo nglalekake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide Baguse sangu mulyo matine Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan seri ngelmune Laku thor